Sleman – Perempuan Indonesia Raya (Pira) Partai Gerindra cabang Sleman, dinten Setu (10/3) siyang, ngadani bakti sosial kanthi ngedumaken susu kemasan dhateng siswa Taman Kanak-Kanak (TK) Ngesti Rini Dhusun Kadisono, Desa Margorejo, Kecamatan Tempel, Sleman. Kridha bakti sosial sesirah “Revolusi Putih” punika, ugi badhe dipun adani ing sawetawis TK wewengkon Sleman, kanthi gentosan sewulan sepisan.

